Skip to main content

CANGKRIMAN

Cangkriman yaiku unen-unen kang rinacik ing tembung kang tumata, surasa utawa isine ngemu teges kang dudu dibadhe (ditebak). Cangkriman uga kasebut ‘badhean’ utawa ‘bedhekan’. Racikaning cangkriman ana kang dhapur ukara lumrah, ana kang sinawung ing tembang. Wujud lan dhapukaning cangkriman kabedakake:

1.       Cangkriman kang awujud wancahan
Tuladhane:
a.       Wiwawite lesbadhonge (uwi dawa wite, tales amba godhonge)
b.      Pak bomba, pak lawa, pak piut (tapak kebo amba, tapak ula dawa, tapak sapi ciyut)
c.       Pak boletus (tapak kebo isi lele satus)
d.      Nituk lersure (nini ngantuk diseler susure)
e.       Kicak tekan (kaki macak iket-iketan)
f.       Yu mahe rong (yuyu omahe ngerong)
g.      Burnas kopen (bubur panas kokopen)
h.      Surles penen (susur teles pepenen)
i.        Karla ndheren (mbakar tela sumendhe keren)
j.        Rang sinyu, muksitu (jurang isi banyu, gumuk isi watu)

2.       Cangkriman kang awujud Pepindhan
Yaiku rerakitaning ukara kang ngemu irib-iriban utawa pepindhan (kaya,mirip).
Tuladhane:
a.       Dikethok dadi dawa, disambung dadi cendhak (sarung)
b.      Gajah nguntal sangkrah (luweng)
c.       Pitik walik saba kebon (nanas)
d.      Pitik walik saba amben (kemucing, sulak)
e.       Sawah rong kedhok galengane mung sithok (godhong gedhang)
f.       Sega sakepel dirubungi tinggi (salak)

3.       Cangkriman kang awujud Blenderan utawa ngemu teges plesetan/sembranan
Tuladha:
a.       Ana titah, duwe gulu tanpa sirah. Duwe silit nanging ora tau bebuwang. Sapa kuwi? (gendul)
b.      Wong mati dilumpati kucing urip, (sing urip kucinge, wonge tetep mati)
c.       Adoh-adoh diparani bareng tekan dilewati. 
d.      Wong dodol krambil dikepruki. (sing dikepruki krambile, dudu wong sing dodol krambil)
e.       Wah kretege Jurug ambruk. (kreteg ya ora ngadeg)

4.       Cangkriman kang sinawung ing tembang
Tembang Pocung
Bapak pocung gedhe dawa sungsun-sungsun,
Dawa kaya ula,
Dalan dawa saka wesi,
Teka  lunga si pocung ngumbar suwara. (sepur)
 .

Comments

  1. This comment has been removed by a blog administrator.

    ReplyDelete

Post a Comment

Popular posts from this blog

Indonesian Utaite

Check this out! Indonesian Utaite 2 FEMALE UTAITE Sagi (sagisapon) YouTube || Soundcloud tsukichiisai YouTube || SoundCloud || SoundCloud   hopiyo YouTube || SoundCloud Minchi YouTube || SoundCloud  iMochi YouTube || Soundcloud 7Latte YouTube || SoundCloud || deviantArt mulichan YouTube || SoundCloud  rankurogane YouTube || SoundCloud || deviantArt  Maki Makinade  YouTube Alicia-tan YouTube || SoundCloud || deviantArt AviTaRi SoundCloud || Soundcloud (2) || Youtube || twitter kiyoshin_ SoundCloud || twitter || Instagram || Webtoon  Leon SoundCloud || YouTube LemonNyan YouTub e || SoundCloud   Fleurishana YouTube || SoundCloud || twitter ichi-san YouTube || SoundCloud   Giita Soundcloud || Youtube || twitter  Mimong Soundclo...

ATURAN & WATAK TEMBANG MACAPAT

TEMBANG ALIT/MACAPAT ATURAN Tembang Cilik/Macapat keiket dening aturan: 1.GURU GATRA Cacahing larik saben sapada/gunggunipun larik saben pada. (Bait) 2.GURU WILANGAN Cacahing wanda (suku kata) saben sagatra. (Jumlah suku kata pada setiap gatra) 3.GURU LAGU Tibaning swara ing pungkasan gatra. (Sajak) MACEM-MACEM TEMBANG MACAPAT 1. MIJIL a. Gatra: 6 gatra. b. Guru Wilangan lan Guru Lagu: 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u. c. Watak: Asih, prihatin, pangajab. d. Gunanipun: Mulang tiyang prihatin. Contho: Po/mo/ ka/ki/ pa/dha/ di/pun/ e/l i ng,  Gatra 1 | Guru wilangan: 10 | Guru Lagu: i Ing/ pi/tu/tur/ ing/ o ng/,  Gatra 2 | Guru wilangan: 6 | Guru Lagu: o Si/ra/ u/ga/ sat/ri/ya/ a/ra/n e /,  Gatra 3 | Guru wilangan: 10 | Guru Lagu: e Ku/du/ an/teng/ jat/mi/ka/ ing/ bu/d i /, Gatra 4 | Guru wilangan: 10 | Guru Lagu:  i Ru/ruh/ sa/tas/ wa/s i s/, Gatra 5 | Guru wilangan: 6 | Guru Lagu:  i Sa/mu/ba/r...